Senin, 04 Mei 2015

Bab Sedekah






Cak lan Ning sing ngganteng lan ayu,


Dina iki aku pengen mbahas bab sedekah. Iyo, sedekah. Opo sih boso Jawane sedekah iku? Wes, mbuh ah. Sing penting padha mudheng tho? Sedekah ...

Ceritane ngene.
Aku kan nduwe barang-barang bekas nang lemariku. Ngerti dewe lah yo, nek duwe arek cilik iku, sing jenenge klambi cepet biyanget perputarane.
Klambi setaun wingi, wes gak cukup digawe saiki. Iyo gak?
Barang bekasku iku berupa klambine arek-arek lanang, sing wes gak cukup amargo saiki mereka padha dhuwur-dhuwur.

Nah, pas mikir enak'e klambi-klambi iki dikekno sopo, aku takok karo wong (iyolah, mosok takok karo jin iprit).
"Eh, kon ngerti dhuafa endi yo, sing kirane butuh klambi bekas arek lanang?" iku pitakonku.
Eh lhadalah, deknen malah menteleng lan njawab.
"Kon iki nek arep sedekah, mbok ya klambi sing anyar. Mesakno tenan wong dhuafa iku. Entuk barang-barang lelesan. Kon ngakune kate sedekah, padahal asline kon kate ngguaki klambimu tho?"

Jleb ... jleb ... jleb ... atiku koyok ditusuk karo sundukan pentol, terus dibumboni cuka karo saos sing kelire abang nganggo pewarna tekstil iku.
Atiku laraaaa Cak, atiku cekot-cekot Ning!
Tapi masio ngono, aku tetep mempertimbangkan omongane deknen. Iyo lah, aku kan wong e bijaksana. Jadi, apapun masukan dari orang lain, akan kupertimbangkan (lha kok malah nganggo boso Indonesia ki yak opo seh?)

Yo wes Cak lan Ning, aku batal "ngguaki" klambiku. Atiku rada ra penak, mosok sedekah barang bekas. Nek niat nyenengno atine kaum dhuafa, ya kudune aku nukokno klambi sing anyar gawe mereka.
Ok, klambi tak singgahi maneh. Ora tak kekno sopo-sopo. Lemariku dadi kebek, mlendung, untung e ga sampe jebol.

Terus lan terus lan terus, anakku tambah gede. Klambine semakin numpuk.
"Wah iki gak bener," prosoku.
Akhire, aku takok karo konco liyane. Jenenge Watiek Ideo. Wes podho ngerti kan, deknen iki sopo?
Iyo, deknen iku penulis terkenal (eh, sik terkenal aku ding ...  wkakakaka ampun yo Watiek).
Tapi abaikan. Sing meh takbahas saiki, deknen iku duwe rumah baca di perkampungan.
Nah, aku takok karo deknen. Opo di sekitare onok bocah-bocah sing gelem nerimo klambi bekas e anak-anakku.

Lhadalah, deknen njawab "Ono". Atiku girang, masio isih kebayang wong sing ngunekno aku mau.
Tapi babah ah ... perkoro ngko karo Gusti Allah sing Maha Penyayang, aku ora dianggep sedekah tapi dianggep "ngguak barang bekas", aku ora popo.
Itung-itungan pahala kan wewenang'e Gusti. Iyo po ra? Wani njawab ora, tak bandhem kon!

Singkat cerita, meluncurlah klambi-klambi iku ke alamate Watiek. Trus ... deknen ngirim foto arek-arek iku pas nyobai klambi-klambine anakku!!
Awakmu ngerti gak Cak lan Ning, opo rasane atiku?
Aku kudu nangis!
Terharu biru.
Melow below stabilo.
Ndeleng wajah mereka sing begitu serius njajal klambi, wajah e mereka sing sumringah mantesno awak'e karo klambine, iku priceless!
Wes, aku ora entuk pahala rapopo. Tenin! Sing penting arek-arek iku seneng.
Aku dianggep pelit amargo sedekah "barang guak'an" yo rapopo. Sing penting arek-arek iku happy.

Dadi Cak lan Ning sing ayu dhewe, maksud postinganku iki dudu kate riya yo.
Apane sing riya, wong barang bekas wae kok riya. Nek aku sedekah berlian karo ferrari yo aku bakal riya niat'e wakakakaka.

Sik tho, menengo dhisik. Ojo suudzon wae karo postingan iki.
Aku cuma pengen pesen karo sampeyan-sampeyan sing ayu lan ngganteng iki, nek sampeyan duwe niat kate sedekah, kate memberi sesuatu pada orang lain, DO IT RIGHTNOW!!
Lhaaaaa, kok aku nganggo boso enggres.
Maksudku, langsung lakukan. Rasah takok kanan kiri depan belakang, ngko sampeyan malah galau, sedekah tertunda, kebahagiaan orang lain pun tertunda.
Rojer? 86?

Nek misale sampeyan duwe duit ceban (ngerti ceban gak? Sepuluh ewu, Cak), trus sampeyan niat nulungi wong, yo langsung lakukan.
Babahno nek onok sing ngomong, "Lha kok cuma ceban. Isok gawe tuku opo? Sedekah ki mbok ya minimal cepek,"

Oke, niat'e deknen mungkin baik. Sedekah sing luwih gede tentune luwih apik. Aku setuju. Sedekah ceban vs cepek, aku pasti milih cepek. Dengan catatan, jika mampu!
Masalahe, nek pas kuwi sampeyan cuma duwe duit ceban, yak opo?
Opo niat mulia sampeyan kudu tertunda? Nyelengi sik sampe cepek?
Takjamin Cak, celenganmu ora klumpuk, malah cebanmu melayang gawe tuku pentol. Yo opo ora?

Padahal, nek duit ceban mau mbok tukokno beras sekilo, paling ora onok wong sing lepas dari masalah kelaparan dino iku. Ngenteni awakmu nyelengi sampe cepek, selak wong'e keluwen lan mlebu UGD :D

Trus, sedekah yo ora usah ngenteni ikhlas. Soale nek ngenteni ikhlas, onok resiko nek awakmu balik kucing ora sida sedekah.
Misale, duit ceban mau mbok sawang-sawang, mbok timang-timang, trus suwe-suwe metu rasa eman. Mending tuku pentol, mending tuku batagor, atau mending tuku pop ice.
Toh, cuma ceban. Iso gawe opo duit ceban iku? Mending jajan ah ...

Wes, ojok kesuwen mikir. Ojok mikir omongane wong, ojok ngenteni ikhlas. Pokoke begitu onok barang'e, onok niat'e, langsung hajar bleh ae.

Ngono ae yo Cak lan Ning, sepurane nek postingan iki gak manfaat gawe awakmu. Sepurane juga nek awakmu duwe pandangan berbeda karo postingan iki.

Pamit riyin nggih sedherek sedanten ....



14 komentar:

  1. Siap delapan anem, kumendaaaan.... mathuk aku karo pemikiranmu Ning ;)

    BalasHapus
  2. Whealah pisane posting nang blog isine mak jleb jleb jleb.. Sakjane ngunu nek diomong ngguwak barang bekas yo pancen iyo, tapi balek maneh, nang njobo sek akeh wong gak klambenan. Opo salahe nek awak dewe iki mbantu. Yo, Ning? :)


    *settingan komene ndadak kudu login gmail dhisek :((*

    BalasHapus
    Balasan
    1. Lha aku ra mudheng perkoro login loginan. Isok open ID kan yo. Halah, wong aku iso nge-blog ngene ae alhamdulillah, ojok diajak mbahas masalah login yo wkwkwk

      Hapus
  3. aduh, sebagai penggemar mbak Dian dan blognya, rada pusing juga bacanya, mengingat kosa kata bahsa Jawaku udah belepotan. mau cari google translate bahasa Jawa deh :)

    BalasHapus
    Balasan
    1. semoga beruntung menemukan google boso jawi nggih

      Hapus
  4. Aku kok dadi koyok pengen balik Gresik yo Ning Dian...

    BalasHapus
  5. hahaha....jleb..jleb..jleb...ayo sedekah yang baruu, merek levis atau apa gituu...

    BalasHapus
    Balasan
    1. Sedekah merek Guess baru untuk Alde ya wkwkwk

      Hapus
  6. next time pake bahasa sunda, nyari translator dulu :)

    BalasHapus
  7. Seneng aku moco posting an iki koyok ndelok acara nang JTV
    😀. Ning Dian ini musti onok2ae, cocok ning keep calm ae wes

    BalasHapus
  8. Seneng aku moco posting an iki koyok ndelok acara nang JTV
    😀. Ning Dian ini musti onok2ae, cocok ning keep calm ae wes

    BalasHapus

Happy blogwalking, my dear friends ^^